Pranatacara : PENGETAN DINTEN PAHLAWAN
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Panjenenganipun Bapa Lurah ingkang tuhu kinurmatan
Panjenenganipun Bapa Dhukuh ingkang tuhu minulya ing budi
Para pepunden, para sesepuh lan para pinisepuh ingkang winantu ing kabagyan
Saderengipun mangga kita sami ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa ingkang sampun paring taufik saha hidayah, katitik kula panjenengan sami, saged kempal wonten ing adicara pengetan dinten pahlawan punika.
Saderengipun adicara menika kawiwitan, keparenga minangka pranata titi laksitaning adicara ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karakit.
Adicara ingkang sepisan nun inggih pambuka.
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika ngeningaken cipta.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pambagyaharja saking Bapa Dhukuh.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika pambagyaharja saking Bapa Lurah.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika pasenggahan panglipur saking para kadang mudha.
Adicara ingkang kaping enem iggih menika sabda tama.
Adicara salajengipun inggih menika donga.
Adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup.
Mekaten menggah urut reroncening adicara pengetan dinten pahlawan, kasuwun wonteno suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Adicara ingkang sepisan nun inggih pambuka. Pramila sumangga, kinarya amiwiti adicara menika kanthi ndedonga sesarengan miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Angancik adicara ingkang kaping kalih inggih menika ngeningaken cipta. Kasuwun para lenggah sedaya jumeneng sawetawis. Dhumateng sedherek Yesi ingkang kadhawuhan mimpin, wekdal saha papan kula aturaken.
Matur nuwun dhumateng sedherek Yesi ingkang sampun purun mimpin ngeningaken cipta menika. Kasuwun para rawuh sedaya lenggah wonten papan ingkang sampun kasediaaken.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pambagyaharja saking Bapa Dhukuh. Dhumateng Bapa Nurhadi wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng Bapa Nurhadi ingkang sampun caos pambagya.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika pambagyaharja saking Bapa Lurah. Dhumateng Bapa Sismantoro S.H. wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng Bapa Sismantoro S.H. Ingkang sampun caos pambagyo.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika pasenggahan panglipur saking para kadang mudha. Dhumateng para kadang ingkang jejibahan ing adicara menika, wekdal saha papan kula aturaken.
Matur nuwun dhumateng para kadang mudha ingkang sampun purun paring panglipur dhateng kula panjenengan sami.
Angancik adicara ingkang kapng enem inggih menika sabda tama. Dhumateng Bapa Saji wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng Bapa Saji ingkang sampun caos sabda tama dhateng kula panjenengan sami.
Adicara salajengipun inggih menika donga. Dhumateng Bapa Miskam wekdal saha papan kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng Bapa Miskam ingkang sampun kersa mimpin donga.
Angancik adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Mangga sesarengan adicara pengetan dinten pahlawan menika katutup kanthi ndedonga sesarengan miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
Mekaten adicara ing wekdal punika. Kula minangka pranatacara ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapa Lurah lan Bapa Dhukuh ugi para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh awit kalodhangan wekdalipun angrawuhi adicara punika. Lan kula ingkang jejibahan ndherekaken lmpahing adicara ing titi wanci punika, mbok bilih wonten kirange atur saha trapsilaning tindhak-tandhuk anggen kula matur mawantu-wantu nyuwun sih lubering samodra pangaksami. Lan kula naming bisa ndherekaken mbok bilih panjenengan sami badhe kundur, mugi tansah pinaringan keslametan. Amin.
Aqirul kalam bilahit taufik walhidayah
Wassalamualaikum warrahmatullah wabarakatuh.
